Jumat, 06 Maret 2015

UNSUR INTRINSIK (Bahasa Jawa)

UNSUR-UNSUR INTRINSIK

Unsur-unsur intrinsik, yaiku unsur-unsur sing mangun karya sastra saka jero.
Unsur-unsur intrinsik karya sastra yaiku:
1.       Tema, yaiku sawijining carita kang biso makili isining crita (punjering carita)

2.       Alur (plot), yaiku urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning crita. Jinise alur ana telu, yaiku:
-          Alur maju
-          Alur mundur
-          Alur maju mundur (flashback)


3.       Watak-wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak-wantun kang diduweni dening saben-saben paraga. Cara kanggo nemtokake watak-wantune paraga bisa dideleng saka:
-          Apa sing ditindakake paraga
-          Pocapan-pocapane paraga
-          Panggambaran fisik paraga dening pangripta
-          Katrangan langsung saka paraga liyo
Jjinis-jinise paraga:
-          Paraga utama (dadi punjering crita)
-          Paraga sampingan (dadi panyengkuyung crita)
-          Paraga protagonis (paraga kang asipat apik)
-          Paraga antagonis (paraga kang asipat ala)

4.       Busananing basa (gaya bahasa)
Yaiku cara sawijining pangripta anggone milih tema, prekara, nintingi prekara kang diceritakake sajroning crita.

5.       Pamawase Pangripta (sudut pandang pengarang)
Yaiku sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kadadean sajroning crita.

6.       Latar (setting)
Yaiku katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita.


UNSUR-UNSUR EKSTRINSIK
            Yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba kayata:
1.       Latar belakang diciptakake
Yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis.
2.       Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahanan masyarakat  saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.
3.       Latar belakang utawa kahanan pangripta


Tidak ada komentar:

Posting Komentar